Rabu, 19 November 2008

LAIRIPUN RADEN GATHUTKACA

Raden Gathutkaca punika satriya ing Pringgandani. Raden Gathutkaca putranipun Raden Werkudara, panenggakipun Pandhawa.
Dene Pandhawa gangsal punika nomer satunggal Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta, nomer kalih Raden Werkudara, satriya ing Jodhipati, nomer tiga Raden Janaka, satriya ing Madukara, nomer sekawan Raden Nakula, satriya ing Sawojajar, nomer gangsal Raden Sadewa, satriya ing Bumiratawu.
Dewi Arimbi punika ibunipun Raden Gathutkaca. Nalika lair, Raden Gathutkaca wujudipun raseksa utawi buta. Ari-arinipun boten saged dipun pedhot ngangge gegaman punapa kemawon. Sawernanipun gegaman dipun tamakaken boten mempan. Bapak ibunipun ngantos judeg.
Raden Janaka dipun utus dhateng kayangan, supados nyuwun pitulungan Dewa. Nanging, pusaka ingkang badhe kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca, sampun karumiyinan dening Raden Suryaputra utawi Raden Karna, saking Astina. Raden Suryaputra kelampahan saged nyuwun pusaka Kyai Kuntawijayadanu. Raden Janaka nututi lampahipun Raden Suryaputra saperlu badhe ngrebut pusaka kala wau.

Bersambung.......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar